AMOS 1:3 - Kitab Sutji3 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Damsyik telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun: sarehne wus padha nindhes Gilead, nganggo pleredan panuton wesi, Faic an caibideil |
Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure,
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Edom telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang, sarta ora ngatonake kawelasane, malah nepsune direndhem terus, lan panasing atine disimpen salawase,