YUNUS 3 - Kitab SutjiTobate kutha Niniwe 3:1-10 1 Nabi Yunus banjur kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah kang kaping pindhone: 2 “Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.” 3 Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Anadene Niniwe iku kutha kang gedhene ngedab-edabi, jembare lakon telung dina. 4 Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.” 5 Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah. 6 Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu. 7 Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu. 8 Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni. 9 Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.” 10 Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society