YUNUS 2 - Kitab SutjiNabi Yunus ndedonga ngucap sokur 2:1-10 1 Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe, 2 unjuke: “Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah lajeng inggih dipun sembadani, wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung, Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula. 3 Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng, inggih ing dhasaring samodra, kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya, sakathahing alun lan ombak Paduka nasabi badan kawula. 4 Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci. 5 Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula, kawula kasasaban ing samodra agung; sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra 6 wonten ing dhasaring redi-redi. Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi; kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula. 7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci. 8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya. 9 Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!” 10 Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society