YESAYA 50 - Kitab Sutji1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir. 2 Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan. 3 Langit Sunsandhangi panganggon ireng lan Sunkemuli bagor.” Abdining Yehuwah tansah mbangun miturut 50:4-11 4 Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid. 5 Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSun lan Ingsun ora mbangkang, ora mengo memburi. 6 Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni. 7 Nanging Pangeran Allah banjur mitulungi Ingsun; mulane Ingsun ora kawirangan. Mulane Ingsun ngiyatake panggalihingSun kayadene santosaning gunung parang awit Ingsun uninga, manawa ora bakal kawirangan. 8 Panjenengane kang ngleresake Ingsun wus celak. Sapa kang wani padudon kalawan Ingsun? Ayo padha maju bebarengan! Sapa kang prakaran kalawan Ingsun? Iku kareben marani Ingsun! 9 Pangeran Allah nyata-nyata mitulungi Ingsun; sapa kang wani ngarani Ingsun luput? Lah iku kabeh bakal padha dadi elek kaya sandhangan kang wus lungset; bakal padha kapangan ing renget. 10 Sapa panunggalanira kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah lan ngrungokake swaraning Abdine? Manawa dumunung ing pepeteng lan ora kasorotan ing cahya, cikben pracaya marang asmane Sang Yehuwah tuwin sumendhe marang Gusti Allahe! 11 Lah sira kabeh kang padha ngurubake geni lan kang padha masang panah murub, padha lumebu ing urubing geninira, lan ing satengahing panah-panah murub kang wus padha sira pasang! Bab iku bakal tumanduk marang sira saka ing astaningSun; sira bakal padha ngaleleh ana ing papan pasiksan. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society