YESAYA 35 - Kitab SutjiKarahayon tumrap para umate Pangeran Yehuwah 35:1-10 1 Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah, pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang; 2 bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita. 3 Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok padha santosakna. 4 Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine: “Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.” 5 Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake, lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak. 6 Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline; 7 tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan. 8 Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono. 9 Ing kono bakal ora ana singane, kewan galak ora bakal saba mrono tuwin ora bakal tinemu ana ing kono; mung para wong kang wus padha kaluwaran kang bakal padha lumaku ing kono, 10 lan para wong kang wus kauwalan dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak, kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng; bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena, kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society