Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

YESAYA 25 - Kitab Sutji


Ngunjukake panuwun marga mungsuh wus sirna 25:1-5

1 Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula; kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka; amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.

2 Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela, saha kitha-beteng punika dados jugrugan; purining bangsa manca sampun sanes kitha malih, lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.

3 Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka; kithaning para bangsa ingkang prakosa badhe ajrih-asih dhumateng Paduka.

4 Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng, dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun, dados pangayoman tumrap wontenipun prahara, dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet, awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung punika kadosdene prahara ing mangsa asrep,

5 kados benter gumeplang ing papan garing. Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken; kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega, inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep.


Kaslametaning para bangsa ing Sion 25:6-12

6 Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.

7 Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuwek sandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsa lan kemul kang dikemulake marang sakehing para bangsa.

8 Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.

9 Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu: “Iki sanyata Gusti Allah kita, kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet. Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti; ayo kita padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwaran kang kaparingake!”

10 Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki, nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe, kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.

11 Manawa Moab ngegarake tangane ana ing jerone kaya patrape wong nglangi kang ngegarake tangane supaya bisa nglangi, Sang Yehuwah banjur bakal ngesorake kumlungkunge dalasan sakehe pambudi-dayane.

12 Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur bakal kaebrukake lan karubuhake, sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan