Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

YESAYA 2 - Kitab Sutji


Sion pusere karajaning katentreman 2:1-5

1 Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem.

2 Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana

3 lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”

4 Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.

5 He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah!


Paukumane Pangeran Yehuwah tumrap kabeh wong kang kumaluhur-luhur 2:6-22

6 Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.

7 Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan; nagarinipun kebak kapal sarta kretanipun tanpa wicalan.

8 Nagaranipun kebak brahala; tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah dhateng dedamelaning tanganipun piyambak lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.

9 Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken saha anggenipun tiyang kaesoraken – tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!

10 Lumebua ing sela-selaning gunung parang lan ndhelika ing rong ing sajroning lemah marga saka pagirise Sang Yehuwah sarta marga saka cahyaning kamulyane!

11 Manungsa kang gumunggung bakal kaesorake lan wong kang angkuh bakal kadhingklukake, sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

12 Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;

13 ngukum sakehing wit eres ing Libanon kang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul, tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;

14 sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwur lan sakehing tengger kang munggul;

15 ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwur lan sakehe baluwarti kang disantosani;

16 ngukum sakehe kapal ing Tarsis tuwin sakehe kapal kang endah dhewe.

17 Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake lan wong kang angkuh bakal padha diesorake; amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

18 Dene brahala-brahala bakal sirna babar pisan.

19 Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang lan ing rong-rong ing sajroning lemah, marga saka pagirising Yehuwah tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.

20 Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,

21 lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang tuwin ing sela-selaning tetengger watu marga saka pagirising Sang Yehuwah lan marga saka cahyaning kamulyane; ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.

22 Aja padha ngandelake marang manungsa, awit iku ora ngluwihi wetuning napas lan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa?

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan