YESAYA 16 - Kitab Sutji1 Wong-wong padha ngirimake cempe marang pamarentahing nagara, saka ing Sela ngliwati pasamunan menyang ing gununge putri Sion. 2 Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon. 3 “Menehana pitutur, nggegegana wewenang, dadia pangeyuban kang edhum ing wayah tengange; wong-wong kang kabuwang padha umpetna, aja medharake bab wong kang padha keplayu! 4 Para wong kang kabuwang saka ing Moab cikben padha mondhok ing panggonanmu, dadia papan pandhelikane wong-wong iku tumrap kang arep nyirnakake! Samangsa pangroda-peksa wus ora ana, pangrusak wus kapungkur lan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara, 5 banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawud dening sawijining hakim kang njejegake kaadilan, lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.” 6 Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab, pancen angkuh banget iku, bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite, sarta anggone ngoceh kang ora bener. 7 Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh, kang siji marga saka sijine, cikben kabeh padha ngadhuh-adhuh. Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Hareset cikben padha sesambat lan remuk babar pisan! 8 Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma wus padha nglayung; para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsa wus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe, kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer lan mrambat tekan ing pasamunan; pang-pange pating tlolor tekan ing sabranging sagara. 9 Mulane aku melu nangis kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau; kowe arep daktelesi kalawan eluhku, he Hesybon lan Eleale, amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang. 10 Wus sirna kabungahan lan surak-surak saka ing kebon wowohan; wus ilang saka ing kebon-kebon anggur swara giyak-giyak lan surak-surak; wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan, anggone sumyak-sumyak wus leren. 11 Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung, iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab, lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres. 12 Mulane sanadyan Moab ngibadah lan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbanan lan lumebu ing pasucene prelu ndedonga, ora bakal oleh apa-apa. 13 Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur. 14 Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society