Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

YESAYA 15 - Kitab Sutji


Wangsit tumrap Moab 15:1–16:14

1 Wangsit bab Moab. Lah sajrone sawengi Ar-Moab wus karusak, kasirnakake; lah sajrone sawengi Kir-Moab wus karusak, kasirnakake!

2 Putri Dibon munggah ing tengger-tengger pangurbanan prelu muwun; Moab, ngadhuh-adhuh marga saka Nebo lan marga saka Medeba. Kabeh wong padha nggundhuli sirahe ana ing kono lan nyukur jenggote minangka tandhaning kasusahan.

3 Wong padha manganggo bagor ana ing dedalan, ana ing payon lan ana ing ara-ara wong kabeh padha ngadhuh-adhuh, eluhe dleweran.

4 Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero, swarane nganti keprungu tekan ing Yahas. Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh, nyawane gumeter.

5 Aku mbengok marga saka Moab; wong kang ngungsi wus padha tekan ing Zoar, ing Eglat-Selisia. Lah wong padha ngunggahi unggah-unggahan Luhit kalawan nangis; lan ana ing dalan kang menyang Horonaim wong padha njerit marga tinempuh ing sangsara.

6 Lah kali ing Nimrim dadi sat, dadi pasamunan sukete wus aking, suket enom wus entek, thethukulan wus ora ana kang ijo.

7 Marga saka iku sakehing bandha kang ditumpuk lan samubarang kabeh kang disimpen padha digawani menyang ing sabrange kali Haarabim.

8 Lah panjerite mau bakal keprubu ing sawewengkone Moab kabeh, pangadhuhe keprungu nganti tekan ing Eglaim, malah nganti tekan ing Beer-Elim.

9 Lah banyu ing Dibon wus kebak getih, nanging kang tumempuh marang Dibon iku bakal Sunwuwuhi maneh, yaiku singa bakal ndekep para wong kang bisa oncat saka ing Moab lan kang isih ana ing tanah kono.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan