YESAYA 12 - Kitab SutjiKidung panuwun marga wus ginanjar slamet 12:1-6 1 Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula. 2 Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.” 3 Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan. 4 Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap: “Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah, padha nyebuta marang asmane, pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa, suwurna, manawa asmane iku luhur! 5 Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya; bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi! 6 Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society