YESAYA 1 - Kitab SutjiBAB 1-39: PERANGAN KAPISAN BAB 1-12 PAMEDHAR WANGSIT BAB YEHUDA LAN YERUSALEM Wosing isine 1:1-1 1 Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda. Pangresula bab bangsa kang ora setya iku 1:2-9 2 Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun. 3 Sapi wanuh marang kang duwe nanging Israel ora; kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane, nanging umatingSun ora mangreti.” 4 Bilai bangsa kang dosa, golongan kang kabotan duraka turune wong ala, bocah-bocah kang tumindak ora becik! Iku padha ninggal Sang Yehuwah, padha ngala-ala marang kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, tuwin ngungkurake Panjenengane. 5 Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi, kowe kang padha mbangetake pamurtadmu? Sirahe wus lara kabeh, lan atine wus lungkrah lesu kabeh. 6 Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirah ora ana kang waras, abuh lan babak-belur sarta tatu anyar, ora diplothoti lan ora diblebedi, tuwin ora dilengani. 7 Nagaramu dani sepi mamring, kutha-kuthamu padha kobong nganti entek; pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu. Sepi mamring nagara iku kayadene dibosah-basihake dening bangsa liya. 8 Putri ing Sion kari ijen, kayadene gubug ing pakebonan anggur kaya cakruk ing kebon timun lan kaya kutha kang kinepung. 9 Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat, kita wus padha kaya Sodom lan padha kaya Gomora. Mratobat iku luwih becik katimbang karo caos kurban 1:10-20 10 Rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para panggedhene Sodom! Gatekna piwulange Allah kita, he rakyat Gomora! 11 “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “Ingsun wus jeleh marng kurban obaran kang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon; getihe sapi lanang lan wedhus gembel sarta wedhus lanang ora Sunrenani. 12 Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSun sapa kang ngudokake sira mangkono, dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun? 13 Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamis amarga gandane gawe enegingSun. Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabat utawa nganakake kumpulan-kumpulan, Ingsun ora tahan mirsani, awit pahargyanira iku kebak piala. 14 Pahargyan-pahargyanira sasi anyar lan kumpulan-kumpulanira kang ajeg iku Ingsun sengit mirsani; kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun, Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat. 15 Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih. 16 Padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala, 17 padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha! 18 Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel. 19 Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik. 20 Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela sira bakal padha kamangsa ing pedhang.” Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah. Paukuman tumrap Yerusalem 1:21-31 21 Kapriye iki, dene kutha kang biyen setya saiki dadi wanita tunasusila! Maune kebak kaadilan lan tansah kanggonan kabeneran, nanging saiki kebak wong gawe pepati. 22 Salakamu wus ora tulen maneh, lan anggurmu wus kecampuran banyu. 23 Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau. 24 Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel: “Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsun lan nandukake piwales marang para mungsuhingSun. 25 AstaningSun bakal nglawan marang sira Ingsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha, sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira. 26 Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.” 27 Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilan lan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener. 28 Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosa bakal kasirnakake bebarengan sarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes. 29 Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elah kang padha sira dhemeni, tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewa kang padha sira pilih. 30 Amarga sira bakal padha kaya wit elah kang alum godhonge, lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu. 31 Wong kang rosa banjur dadi kaya kapas lan panggawene dadi kaya geni sapelik; karo-karone bakal padha kobong bareng sarta ora ana wong kang bisa nyirep. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society