Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

YEHESKIEL 19 - Kitab Sutji


Kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel 19:1-14

1 Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,

2 lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa! Nglemprak ana ing satengahe singa-singa enom lan nusoni anak-anake.

3 Anake ana siji kang diopeni nganti dadi singa enom, kang sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.

4 Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk! Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane, nuli dikeluhi tuwin digiring menyang Mesir.

5 Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan banjur njupuk anake liyane sarta digulawenthah dadi singa enom.

6 Anake iki srawungan karo singa akeh nuli wus dadi singa enom lan sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.

7 Betenge padha karusak, kuthane padha kaobrak-abrik; bumi dalah saisine kabeh padha kaget krungu swarane panggerone.

8 Para bangsa nuli padha gumregah nglawan saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge, padha masang jaring kanggo nyekel lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.

9 Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan, wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran, supaya swarane aja kaprungu maneh ana ing gunung-gununge Israel.

10 Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune.

11 Apa pange kang thukul kang kuwat kang dadi tekening karajan; thukule dhuwur ngungkuli pang-pang liyane kang rapet, lan katon ngegla marga saka dhuwure sarta marga ana pange cilik akeh.

12 Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.

13 Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.

14 Banjur ana geni kang metu saka ing pange kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek, satemah wus ora ana pange kang kuwat, ora ana pange kang kanggo teken karajan.” Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan