WAHYU 10 - Kitab SutjiKitab kawudharan 10:1-11 1 Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni. 2 Astane nyepeng gulungan kitab cilik wudharan. Sampeyane kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan. 3 Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara. 4 Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!” 5 Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astane tengen marang langit, 6 sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh! 7 Nanging samangsa unine kalasangkane malaekat kang kapitu keprungu, yaiku manawa malaekat iku ngungelake kalasangkane, bakal kayektenan kekeraning Allah, kaya kang wis kawartosake marang para abdine, yaiku para nabi.” 8 Swara kang wus dakrungu saka ing langit mau, tumuli ngandika maneh marang aku mangkene: “Majua, kitab wudharan kang ana ing tangane malaekat, kang ngadeg ana ing sagara lan ing dharatan iku tampanana.” 9 Aku banjur marani malaekat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lan panganen; iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.” 10 Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait. 11 Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society