Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

NAHUM 2 - Kitab Sutji

1 Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe, nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehe kekuwatan!

2 Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan.


Mungsuh ngrusak Niniwe 2:3-13

3 Tamenge para pahlawane warnane abang, para prajurite padha manganggo abang jingga, kretane abyor mengangah kaya geni suluh ing dina anggone karakit; sarta jaran-jaran padha katon goreh.

4 Kretane mbalap ana ing dalan, ana ing papan tenggar susul-sumusul, katone kaya obor, playune kaya kilat.

5 Wadya-bala kang pinunjul diangkatake, nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju, padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu, dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.

6 Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak, sarta kedhatone banjur geger.

7 Sang Prameswari digawa metu lan dilukari, lan para abdine wadon padha nggluruh kaya pambekuring manuk dara, klawan tebah-tebah dhadha.

8 Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang kang banyune mili metu. Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega!” nanging ora ana kang noleh.

9 Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas, awit tanpa wilangan simpenane raja-brana, prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.

10 Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.

11 Ana ing ngendi ta pandhelikane singa lan guwane singa-singa nom, panggonane singa klinteran, papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?

12 Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane.

13 Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan