Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

MUSTHIKANING KIDUNG 7 - Kitab Sutji

1 Dhuh putri kang luhur ing budi, iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku, solahing cethikmu kaya rerenggan, gegaweaning tangane seniman.

2 Pusermu pindha bundering bokor, kang tan lukak isi anggur cinampur. Padharanmu kaya gandum tinumpuk, kinubengan ing kembang bakung.

3 Payudaramu lir anak menjangan loro, kadya anak kidang kembar.

4 Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik.

5 Sirahmu kadi gunung Karmel, rambuting sirahmu wungu semu abang; sawijining ratu kecanthol ing klabangane.


Manising tresna 7:6–8:4

6 Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu, heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.

7 Wanguning awakmu kadi wit kurma, lan payudaramu pindha dhompolane.

8 Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku, lan nyekel dhompolan-dhompolane. Payudaramu kaya dhompolan anggur, lan napasing irungmu lir woh apel.

9 Tembung-tembungmu manis kaya anggur!” Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren, luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!

10 Aku iki duweke kekasihku, kayungyunne tumuju marang aku.

11 Dhuh kekasih kawula, sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!

12 Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing pakebonan anggur ing wanci umun-umun, lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun, punapa sekaripun sampun mekar, wit-witanipun dlima punapa sampun sekar! Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken katresnan kawula dhumateng Paduka!

13 Gandanipun woh dhudhaim ngambar, sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca, ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik. Punika sampun kawula simpen kagem paduka, dhuh kekasih kawula!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan