Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

MUSTHIKANING KIDUNG 3 - Kitab Sutji


Kang diimpi-impi penganten putri 3:1-5

1 Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku. Dakgoleki, nanging ora ketemu.

2 Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha ing lurung-lurung lan ing alun-alun Panjenengane dakgoleki, gantilaning atiku iku. Dakgoleki, nanging ora tinemu.

3 Aku kepethuk para wong rondha ing kutha. “Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”

4 Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau, aku ketemu karo gantilaning atiku; banjur dakcandhak lan ora dakculculake, nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku, ing kamare kang nglairake aku.

5 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani; demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara: Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake.


Arak-arakan penganten 3:6-11

6 Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?

7 Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman, ginarebeg ing prawira sawidak, saka panunggalane para prawira ing Israel.

8 Kabeh padha asikep pedhang, lanteh ing perang, kabeh padha nyengkelit pedhang, marga saka pagirising wayah bengi.

9 Sang Prabu Suleman wus yasa tandhu kayu ing Libanon.

10 Saka-sakane kang ginawe selaka, sendhenane emas, palenggahane warnane wungu, ing jerone rinengga ing kayu areng. He para putri ing Yerusalem,

11 para putri ing Sion, padha metua, lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman, ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu nalika dina pikramane, ing dina sukarenane galihe.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan