Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

MIKHA 1 - Kitab Sutji


Bebuka 1:1

1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.


Pawarta bab paukumane Samaria 1:2-7

2 He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.

3 Dene lah Pangeran Yehuwah miyos saka ing padalemane, lan tumedhak ana ing gunung-gununging bumi.

4 Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane lan lebak-lebak padha bengkah kaya malam cedhak geni, kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.

5 Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub, lan saka dosane turune Israel. Apa ta panerake Yakub iku? Iku rak Samaria? Dosane turune Yehuda iku apa ta? Iku rak Yerusalem?

6 Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara, dadi pakebonan anggur, watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebak lan dhasar-dhasare bakal Suneler.

7 Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.


Sang Nabi ngadhuh-adhuh marga saka kaanane Yehuda lan Yerusalem 1:8-16

8 Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh, arep lumaku tanpa trumpah lan wuda, pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas, sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.

9 Sabab tatune Samaria ora bisa mari, wus mremen nganti tekan ing Yehuda, malah tekan ing gapurane bangsaku, iya ing Yerusalem.

10 Aja kokwartakake menyang ing Gat, aja nangis babar pisan, kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra.

11 He wong isine Safir, enggal mangkata, kalawan wuda lan kawirangan. Wong isine Zaanan ora wani metu. Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmu tetep ana ing kono.

12 Wong isine Marot kalawan mangu-mangu ngarep-arep marang kabecikan, marga ana bilai tumurun saka Pangeran Yehuwah tekan ing gapurane Yerusalem.

13 He wong isine Lakhis, kretanira rakitana jaran teji. Iki kang dadi wiwitaning dosa tumrap putri ing Sion amarga sira kanggonan durakane Israel.

14 Mulane becik sira menehana ganjaran pepisahan marang Moresyet-Gat, omah-omah ing Akhzib bakal dadi kaculikan tumrap para raja ing Israel.

15 He wong isine Maresya, Ingsun isih bakal nekakake juru nelukake marang sira, kamulyane Israel bakal nganti tekan ing Adulam.

16 Cukura lan gundhula, marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani! Gundhul dikaya manuk garudha, marga anak-anakira iku bakal padha kaparakake menyang ing pambuwangan.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan