JABUR 98 - Kitab SutjiMASMUR 98 Wektune karahayon wus cedhak 98:1-9 1 Masmur. Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan; kaunggulan wus kaangsalake dening Panjenengane kalawan astane kang tengen tuwin baune kang suci. 2 Pangeran Yehuwah wus ngundhangake karaharjan kang saka ing Panjenengane, sarta wus mbabar kaadilane ana ing ngareping mripate para bangsa. 3 Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita. 4 He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah, padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur! 5 Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung, kalawan clempung sarta lagu kang laras, 6 kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut, padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah! 7 Segara saisine kareben padha gumuruh, mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni. 8 Kali-kali cikben padha keplok-keplok, lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan 9 ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane rawuh ngadili bumi, jagad bakal diadili ing sabenere, tuwin para bangsa kalawan kabeneran. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society