Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 96 - Kitab Sutji


MASMUR 96 Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad 96:1-13

1 Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!

2 Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.

3 Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.

4 Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.

5 Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna, nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6 kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane, karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7 He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah, iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8 Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane, nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

9 Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen, he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.

10 Padha undhangna ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Raja! Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang, Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”

11 Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!

12 Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,

13 ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan