JABUR 95 - Kitab SutjiMASMUR 95 Yehuwah kurmatana lan sujudana 95:1-11 1 Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, surak-surak kagem Paranging karahayon kita. 2 Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur, surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane. 3 Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah. 4 Telenging bumi ana ing astane, pucaking gunung-gunung iku uga kagungane. 5 Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake, sarta astane kang yasa dharatan. 6 Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita, 7 awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane! 8 Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba, kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan, 9 nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun, padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun. 10 Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku. PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine, padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.” 11 Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun: “Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society