Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 93 - Kitab Sutji


MASMUR 93 Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng 93:1-5

1 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.

2 Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.

3 Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun.

4 Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur, ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara.

5 Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan