Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 82 - Kitab Sutji


MASMUR 82 Gusti Allah ana ing parepatan ilahi 82:1-8

1 Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:

2 “Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya, sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)

3 Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil, wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.

4 Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.”

5 Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa, padha lumaku ana ing pepeteng; sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.

6 Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. –

7 Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa, lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”

8 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan