Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 8 - Kitab Sutji


MASMUR 8 Manungsa kang asor dadi titah kang luhur 8:1-10

1 Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi, kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.

3 Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa. Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka, supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.

4 Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,

5 manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?

6 Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.

7 Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:

8 sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato-kewan ing ara-ara,

9 peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.

10 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan