Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 75 - Kitab Sutji


MASMUR 75 Gusti Allah, Hakim kang adil 75:1-11

1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.

2 Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur, tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.

3 “Manawa Ingsun nemtokake wektune, Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.

4 Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)

5 Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!

6 Aja padha masang sungunira nganti dhuwur, lan aja calathu kalawan ndegeg!”

7 Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan,

8 nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim: nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.

9 Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk, kebak campuran bumbu; Panjenengane banjur ngiling saka ing kono; lah ampase bakal disruput lan diombe dening sakehing wong duraka ing bumi.

10 Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase, Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.

11 Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk, nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan