Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 70 - Kitab Sutji


MASMUR 70 Pandonga nyuwun pitulungan 70:1-6

1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan.

2 Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!

3 Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula, mugi sami kawirangna saha klicutan; ingkang ngangkah damel bilai kawula, mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;

4 kajengipun mundur margi isin, ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”

5 Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka, sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya; ingkang nresnani karahayon peparing Paduka, tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”

6 Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah, mugi karsaa enggal rawuh! Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan