JABUR 64 - Kitab SutjiMASMUR 64 Paukumane Gusti Allah marang wong duraka 64:1-11 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 2 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula, nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi. 3 Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon, tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka, 4 ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang, sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah, 5 ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan, dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa. 6 Sami nekad nindakaken duraka, sami sarembag masang kala ing pasingidan, sarta ngucap: “Sapa kang weruh?” 7 Sami ngangen-angen tindak culika: “Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.” Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika! 8 Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika; dumadakan sami ketaton. 9 Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe; sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg. 10 Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah, kanthi ngakoni pandamele. 11 Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah, sarta ngayom marang Panjenengane; sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society