Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 61 - Kitab Sutji


MASMUR 61 Pandonga kagem Sang Prabu 61:1-9

1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula, pandonga kawula mugi katilingna!

3 Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka, amargi manah kawula lesu nglentrih, Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula.

4 Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula, menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.

5 Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun, sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah)

6 Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula, sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.

7 Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu, taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun.

8 Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun, sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun.

9 Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun, saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan