JABUR 58 - Kitab SutjiMASMUR 58 Tumrap panggedhe kang ambeksiya 58:1-12 1 Kanggo lurah pasindhen. Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud. 2 He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan? Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur? 3 Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala, tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi. 4 Wong duraka padha murtad wiwit lair mula, para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung. 5 Wisane kaya wisane ula, padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge, 6 kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani, utawa swarane tukang maca mantra kang wasis. 7 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun, saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah) 8 Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas, kajengipun sami alum kados rumput ing margi. 9 Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu, sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya. 10 Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri, kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng padha kabengkas dening Pangeran. 11 Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka. 12 Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas, satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society