JABUR 54 - Kitab SutjiMASMUR 54 Pandonga ing sajrone adu-arep karo mungsuh 54:1-9 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud, 2 rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.” 3 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka, kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka. 4 Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula, sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula. 5 Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula; tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula; tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. (Selah) 6 Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku; Pangeran iku kang ngemong uripku. 7 Pialane nampeka marang satru-satruku, mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka. 8 Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah, dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka, amargi asma Paduka punika sae. 9 Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan, saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society