JABUR 53 - Kitab SutjiMASMUR 53 Bab kanisthaning manungsa 53:1-7 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud. 2 Wong gemblung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah!” Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget, ora ana kang nglakoni kabecikan. 3 Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang duwe budi, lan kang ngupaya marang Gusti Allah. 4 Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana. 5 Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah? 6 Ana ing kono padha ketaman ing pagiris, sanadyan ora ana kang marakake giris; amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe, wong iku bakal padha kawirangake, amarga wus padha katampik dening Gusti Allah. 7 Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion! Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh, Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society