Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 48 - Kitab Sutji


MASMUR 48 Sion, kuthane Gusti Allah 48:1-15

1 Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.

2 Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji ana ing kuthane Gusti Allah kita!

3 Gununge kang suci, kang munggul endah, iku minangka kasenenganing sajagad rat; gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor, kuthane Sang Nata Agung.

4 Ana ing kadhaton-kadhatone Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

5 Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

6 bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan; kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

7 Dumadakan padha geter ana ing kono, padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

8 Paduka ngremuki baita-baita Tarsis, kaliyan prahara saking wetan.

9 Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita, ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, ing kuthaning Allah kita; Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

10 Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.

11 Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi, asta tengen Paduka kebak kaadilan.

12 Redi Sion kajengipun abingah-bingah; para putrinipun Yehuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka!

13 Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute, etungen menarane,

14 tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.

15 Sanyatane iki Gusti Allah, iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase! Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan