Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 47 - Kitab Sutji


MASMUR 47 Gusti Allah, Ratuning salumahing bumi 47:1-10

1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.

2 He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!

3 Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi, sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.

4 Para bangsa padha ditelukake marang kita, sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.

5 Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita, kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)

6 Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame, iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.

7 Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur. padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!

8 Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi, padha ngidunga masmur, kidung piwulang!

9 Gusti Allah iku ngratoni para bangsa, sarta lenggah ing dhampare kang suci.

10 Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul, kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham. Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah, Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan