Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 43 - Kitab Sutji

1 Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula, ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh! Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika!

2 Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula. Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor, margi saking panganiayanipun satru?

3 Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka, sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci, sarta dhateng ing padaleman Paduka.

4 Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka, sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula, saha memuji binarung swaraning clempung, dhuh Allah, Allah kawula!

5 Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan