Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 4 - Kitab Sutji


MASMUR 4 Donga ing wayah bengi 4:1-9

1 Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2 Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan, dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula. Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula, mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!

3 He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake, nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna, sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)

4 Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.

5 Nepsua nanging aja nganti gawe dosa, mosika sajroning atimu ana ing paturon, nanging tetepa meneng. (Selah)

6 Padha nyaosna kurban kang bener, sarta kumandela marang Sang Yehuwah.

7 Kathah tiyang ingkang sami mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?” Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya.

8 Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula, nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah.

9 Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem, amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan