Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 33 - Kitab Sutji


MASMUR 33 Kidung pangalembana marang Allahe Israel 33:1-22

1 He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah! Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.

2 Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung, kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.

3 Kidungna kekidungan anyar; diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!

4 Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata, samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.

5 Panjenengane karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.

6 Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane.

7 Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

8 Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah, wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!

9 Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.

10 Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa;

11 nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

12 Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!

13 Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga, lan mirsani sakehing anake manungsa;

14 saka ing padalemane nguningani sakehing isine bumi.

15 Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosake apa sapanggawene.

16 Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.

17 Jaran iku tangeh yen marakake unggul, lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.

18 Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,

19 supaya nyawane kauwalake saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.

20 Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.

21 Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane, awit kita pracaya marang asmane kang suci.

22 Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya, kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan