Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 3 - Kitab Sutji


MASMUR 3 Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh 3:1-9

1 Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.

2 Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula, kathah tiyang ingkang nglawan kawula;

3 kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten: “Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)

4 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula, Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.

5 Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah, banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)

6 Aku leyeh-leyeh banjur turu; aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.

7 Aku ora wedi marang bala leksan, kang arep ngepung aku.

8 Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula, amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula, saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.

9 Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah, berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan