Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 29 - Kitab Sutji


MASMUR 29 Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara 29:1-11

1 Anggitane Prabu Dawud. He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!

2 Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!

3 Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.

4 Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.

5 Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres, malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.

6 Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.

7 Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.

8 Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan, Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.

9 Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”

10 Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.

11 Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan