Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 28 - Kitab Sutji


MASMUR 28 Sang Yehuwah iku tetamengku 28:1-9

1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, mugi sampun ngendelaken kawula, sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.

2 Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula, manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung, tuwin njunjung tangan kawula ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.

3 Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.

4 Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun, saha manut pratingkahipun ingkang awon; mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.

5 Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah, sarta apa kang katindakake dening astane, mulane bakal padha katibakake lan ora ditangekake maneh.

6 Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake swaraning pasambatku.

7 Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.

8 Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate, Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!

9 Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan