JABUR 24 - Kitab SutjiMASMUR 24 Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah 24:1-10 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni. 2 Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara ditetepake tumumpang ing kali-kali. 3 “Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah? Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?” 4 “Wong kang resik tangane lan suci atine, kang ora masrahake nyawane marang kaculikan, lan ora nglairake sumpah goroh. 5 Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah, sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone. 6 Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane, ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah) 7 He gapura, padha dhuwurna pucakmu. He lawang langgeng, padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet! 8 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa, Sang Yehuwah prakosa ing prang!” 9 He gapura, padha dhuwurna pucakmu, he lawang kawak padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet! 10 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra, Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah) |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society