Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 23 - Kitab Sutji


MASMUR 23 Gusti Allah iku pangen kang utama 23:1-6

1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.

2 Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;

3 nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.

4 Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

5 Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep.

6 Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan