JABUR 20 - Kitab SutjiMASMUR 20 Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu 20:1-10 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 2 Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan; Asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem. 3 Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem, sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion. 4 Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah) 5 Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken, sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang. 6 Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem, sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula, Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem. 7 Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen. 8 Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane, nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku. 9 Wong iku padha ambruk, padha tiba, nanging aku padha ngadeg jejeg. 10 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu! Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk! |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society