Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 2 - Kitab Sutji


MASMUR 2 Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah 2:1-12

1 Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten, lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?

2 Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:

3 “Payo padha medhot dhadhunge lan mbuwang kendharate.”

4 Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.

5 Nuli padha didhawuhi kalawan bendu lan digirisake kalawan bramantyane:

6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”

7 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.

8 Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.

9 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi, bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”

10 Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana; para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!

11 Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering; lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,

12 supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan