JABUR 16 - Kitab SutjiMASMUR 16 Rahayu wong kang mursid 16:1-11 1 Miktam. Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula, amargi kawula ngayom dhumateng Paduka. 2 Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.” 3 Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki, punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula. 4 Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng; kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken; namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula. 5 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun. 6 Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken; siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula. 7 Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku. 8 Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah, manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh. 9 Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem. 10 Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat. 11 Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society