JABUR 150 - Kitab SutjiMASMUR 150 Haleluya 150:1-6 1 Haleluya! Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene! Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa! 2 Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati! 3 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat! 4 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling! 5 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng! 6 Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Haleluya! |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society