JABUR 149 - Kitab SutjiMASMUR 149 Kidung kaunggulan tumrap wong Israel 149:1-9 1 Haleluya! Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah! Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid. 2 Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune. 3 Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan, sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung, 4 awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon. 5 Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan, padha surak-surak ana ing paturone. 6 Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane, sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen, 7 kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa, 8 kanggo mblenggu para ratune kalawan rante, lan para panggedhene kalawan blenggu wesi, 9 kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan. Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi. Haleluya! |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society