JABUR 146 - Kitab SutjiMASMUR 146 Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane 146:1-10 1 Haleluya! Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah! 2 Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana. 3 Aja kumandel marang para panggedhe, lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon. 4 Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah; ing dina iku uga kekarepane sirna. 5 Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakub minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, 6 Panjenengane kang nitahake langit lan bumi, segara lan saisine kabeh, kang tetep setya ing salawase, 7 kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes, kang paring pangan marang wong kang padha keluwen, Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara. 8 Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid. 9 Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca, bocah lola lan randha padha disantosakake maneh, nanging dalane wong duraka dienggokake. 10 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase, Allahmu, he Sion, turun-tumurun. Haleluya! |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society