JABUR 142 - Kitab SutjiMASMUR 142 Pandongane wong kang kaoyak-oyak 142:1-8 1 Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga. 2 Aku nyebut marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kalawan swara sora anggonku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah. 3 Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane, karubedanku dakaturake marang Panjenengane. 4 Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan. 5 Kawula mulat manengen sarta milang-miling, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula; papan pangungsen kawula sampun ical, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula. 6 Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula, inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang!” 7 Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula, amargi kawula sampun lungkrah sanget, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula, amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula. 8 Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaran supados sageda ngalembana asma Paduka. Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula, manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society