JABUR 137 - Kitab SutjiMASMUR 137 Ing sapinggiring kali-kali ing tanah Babel 137:1-9 1 Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nangis, manawa kelingan kutha Sion. 2 Clempungku padha dakcanthelake ana ing wit gandarusa ing kono. 3 Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita, njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan, lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan: “Aku padha kidungna kidunge Sion.” 4 Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah ana ing nagara ngamanca? 5 Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem, garinga tanganku tengen! 6 Ilatku kraketa ing cethak, manawa aku ora tetap eling marang kowe, sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake musthikaning kabungahanku? 7 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom, ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap: “Gempuren, gempuren tekan talese pisan!” 8 He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya, rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe, tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh! 9 Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu, banjur padha dibantingi ana ing parang. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society