JABUR 136 - Kitab SutjiMASMUR 136 Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel 136:1-26 1 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik! awit langgeng sih-kadarmane. 2 Padha saosa puji marang Allahe para allah, awit langgeng sih-kadarmane. 3 Padha saosa puji marang Gustine para gusti, awit langgeng sih-kadarmane. 4 Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane. 5 Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan, awit langgeng sih-kadarmane. 6 Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu, awit langgeng sih-kadarmane. 7 Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit, awit langgeng sih-kadarmane. 8 Srengenge kang mengku raina, awit langgeng sih-kadarmane. 9 Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi, awit langgeng sih-kadarmane. 10 Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane. 11 Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 12 Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane. 13 Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane. 14 Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 15 Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane. 16 Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane. 17 Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe, awit langgeng sih-kadarmane. 18 Para ratu kang mulya padha dipateni, awit langgeng sih-kadarmane. 19 Sihon, ratune bangsa Amori, awit langgeng sih-kadarmane. 20 Lan Og, ratu ing Basyan, awit langgeng sih-kadarmane. 21 Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane. 22 Dadi pusakane Israel, abdine, awit langgeng sih-kadarmane. 23 Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmane. 24 Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita, awit langgeng sih-kadarmane. 25 Apadene paring pangan marang sakehing makhluk, awit langgeng sih-kadarmane. 26 Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society