JABUR 133 - Kitab SutjiMASMUR 133 Pasaduluran kang rukun 133:1-3 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun. 2 Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe. 3 Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society